Wednesday, 9 February 2011

PEPILING

Wis wacine tangsah dielingke,
Wis wacine podo nindakake,
Adzan wis kumandang wayahe sembahyang,
Netepi wajib dawuhe Pengeran,
Sholat dadi cagake agomo,
Limang waktu kudu tansah dijogo,
Kanthi istiqomah lan sing tumakninah,
Luwih sempurno yen berjamaah,
Subuh, Luhur lan Asar,
Sholat sayekti ngadohke tindak mungkar,
Magrib lan Isyak jangkepe,
Prayogane ditambah sholat sunate,
Jo sembrono iku printah agomo,
Ngelingono neng ndonyo mung sedelo,
Sabar lan tawakal pasrah sing Kuwoso,
Yen kepengin besuk munggah suwargo

No comments:

Post a Comment